Crita Wayang

Minggon Jaya Baya

3.6.06

Satriya Sungging Sela Gumuling (5)

“Heh Kebo Mahesa Lawung Ginunggung Luhung! Ing atase kowe kuwi kewan lha kok nganggo jeneng dawa banget? Kuwi kepiye?”

“Wadhuh wathathithah! Blegere wujudmu katon manungsa, nanging jebul kowe cubluk kalah karo kewan. Mangertia, ing jaman edan iki makhluk ing jagad iki lagi diarani maju lan duwe martabat lamun nganggo jeneng nglawer dawa mangkono mau. Lah Setta, kowe temene wis tumindak sawiyah-wiyah mrang aku. Aku ora trima!”

“Mengko dhisik Kebo Mahesa Lawung! Kowe kok ngarani lamun aku tumindak sawiyah-wiyah marang kowe? Nalare wae kepiye?”

“Heh keparat sira Setta! Wis tumindak murang tata nanging ethok-ethok mbodhoni ya kowe? Cetha kowe wani tlanyakan methingkring lungguh aneng sirahku ta? Lha isih wani kumbi!”

“Haaaa...haaaa! Kosik ya! Aku dakngguyu dhisik. Lha lakar kowe kuwi mung sadrema kewan lha kok mbasakake endhasmu mawa basa krama inggil sirah kuwi kepiye? Ora umum!!”

“Nahh haladalah! Cetha wela-wela katon dhiri lan anggep banget! Apa mung manungsa thok sing butuh kajen he?”

“Kebo Mahesa Lawung! Sakarepmu anggonmu guneman! Mung ngene lo ya, aku ora sengaja murang kasusilan nglungguhi endhasmu. Yen dakpikir kang luput iki malah kowe. Geneya wujud watu?”

“Lhaa hiya ana kene iki bodhomu Setta! Kowe ngaku satriya nanging rasa pangrasamu landhep dhengkul. Mesthi yen tenan-tenan kowe kuwi satriya, tartamtu bisa mbedakake antarane watu lan makhluk urip liyane ta? Yen mung dientebi barang kang bobote sewu koyan wae aku ora gigrig. Nanging kokgawe mertapa, sirahku krasa panas lan komet! Cekake aku ora trima.”

Muni mangkono mau kebo lendhoh iku laju wae nubruk nyundhang Raden Setta. Iya tujune Raden Setta wus tanggap ing glagat, mula banjur mumbul salto. Obahe badan banjur nyalorot mudhun. Sikile loro nggenjot gegere kebo lendhoh kuwi. Kebo iku kaget banget banjur ngempross! Sungune kang lancip iku mbebayani banget. Kang nggumunake buntute kebo lendhoh iku mobat-mabit bisa molor nyabet Raden Setta. Raden Setta nganti kuwalahan. Kringete dleweran, ambegane menggeh-menggeh. Mula banjur ngembat pusaka Kyai Gada Wesi Putih. Katamakake pas ngenani endhase kebo lendhoh, sakala babar sejatine wujud dadi Hyang Sambu.

Weruh yen kebo lendhoh kuwi jebul pangejawantahe Hyang Bathara Sambu, sanalika Raden Setta banjur ngalumpruk lempoh ora duwe daya kekuwatan babarpisan. Banjur munjuk atur nyuwun aksama.

“Pukulun Sang Hyang Sambu, ngaturaken sembah nyuwun aksami.”

“Ooo... angger Setta. Pambegtinira wus ingsun tarima. Lan satemene mono sira ora luput. Kepara ingsun kang kudu atur panuwun marang sira. Awit sira wis dadi lantarane ingsun uwal saka papa cintraka wujud kebo lendhoh kae mau. Lah sira sun jarwani.”

Sang Hyang Sambu banjur ngendika yen Raden Setta wus wancine nampa kanugrahan saka Gusti Pangwasane Jagad. Mung kudu ana saranane kanggo uwote nampa kanugrahan kasebut, yaiku Raden Setta kudu mertapa ana ing guwa Sungging Selagumuling. Ing kono iku ana sunggingan gaib. Yen Raden Setta bisa maca sastra gaib, iku nugraha.

Sawise cetha terwaca pangandikane Sang Hyang Sambu, nuli pepisahan. Sang Hyang Sambu makayangan, Raden Setta tumuju menyang guwa Sungging Selagumuling. Lakune ngulon parane tumuju pereng ardi Mahameru.

Bareng wis tekan sukune Aldaka Mahameru iku Raden Setta banjur clilang-clileng nggoleki papan dununge guwa Sungging Selagumuling. Nanging digoleki nganti mubeng sukune ardi Mahameru nyatane ora bisa ditemokake. Raden Setta banjur ngaso legog-legog karo ngenam gagasan. Ing batin banjur ngudarasa, apa Sang Hyang Sambu iku cidra ngendikane? Apa anggone ngrungokake dhawuhe dewa iku kurang cetha?

Sawuse rada suda sayahe, Raden Setta banjur ngayati maneh nggoleki papan panggonane guwa Sungging Selagumuling kasebut. Anggone nggoleki sinambi ndhodholi lemah lan mbrengkali watu-watu ing sukune Harga Mahameru kasebut. Akhire guwa iku ketemu.

Kabeneran guwa iku bolongane madhep ngetan, mula guwane katon padhang kesorotan cahyane surya. Raden Setta banjur milang-miling naliti kahanan ing jerone guwa kasebut. Guwa kuwi mung ciyut wae. Mung kena kanggo lungguhan wong loro. Raden Setta banjur mlebu. Pancen ana watu pesagi kang gumuling ana jero guwa iku. Nanging watu pesagi kuwi kok ora ana tulisane apa-apa, ora ana gambare, apa kang diwaca?

Raden Setta kepencokan rasa gojag-gajeg. Nanging banjur kelingan welinge Sang Hyang Bathara Sambu supaya nindakake tapabrata ing guwa kasebut. Mula Raden Setta laju wae manekung puja samadi aneng guwa ciyut kuwi. Bareng wus antara suwe anggone semadi, jebul ana kaelokan ngedab-edabi banget. Ing watu gumuling kuwi tuwuh sastra lan gambar.

Sastra kang tinemu ing Selagumuling iku unen-unene mangkene (1) kapasuk ing janma yan iccha (2) mara ak para i sang swayembara (3) hana sungging ing wanodya. Ing kono ana gegambaran wanodya. Raden Setta hebeg penggalihe dene ora bisa nyurasa sastra kang tinulis ing Selagumuling kuwi mau. Kang luwih ngodhengake, bareng weruh gambare wanita ing Selagumuling, kok banjur ketuwuhan rasa wuyung poyang-payingan hangranuhi.

RADEN UNTARA lan Raden Wratsangka rumangsa luput dene wani ngawoni ingkang rama Prabu Durgandana, yaiku ngawu-awu migunakake uwit gedhang disidhikara kaya jasade ingkang raka Raden Setta. Senajan iku pakaryane Sang Prabu Abiyasa, nanging nyata kang ngaturake marang ingkang rama iya dheweke dhewe. Yen kelingan tumindake kang murang tata mangkono mau Raden Untara lan Raden Wratsangka rumangsa keduwung kang mbangeti.

Prabu Durgandana iya rumangsa disepelekake dening putra sakarone kuwi. Diawoni melek-melekan. Mula banjur duka lan ngesoteke putrane loro kuwi kaya patrape kethek elek. Sabda pandhita ratu, pangandikane Prabu Durgandana iku numusi temenan. Raden Untara lan Raden Wratsangka iku dumadakan malih wujud kethek lengek-lengek. Mung wae satriya loro kuwi ora krasa yen kethukulan wulu dhiwut-dhiwut dadi wanara kumpra.

Saka kaget lan wedine, satriya sakloron iku anggone mlayu dadi pethal ora kumpul. Banjur ngluyur golek urip dhewe-dhewe. Senajan nelangsa ing batin nanging ora nggraita yen badan wadhage salin salaga dadi kethek lera-lere mangkono kuwi. Apa maneh dheweke saiki mung urip ijen tanpa rowang, ora bebarengan karo sedulure kang maune kena diajak gremang-gremengan.

Nalika semana ngepasi prajurit saka praja Ombaksegara kang dipandhegani Emban Minayaksi lumaku mangulon tumuju marang praja Pancalaretna. Lakune kandheg jalaran ing lurung iku ana kethek gedhene sak uwong lungguh legog-legog neng pinggir dalan. Emban Minayaksi lan para prajurite banjur mandheg kuwatir yen ana pangridhune kethek kang legog-legog kuwi.

Kethek kang lagi ngalamun iku dadi njenggirat bareng ana prajurit sabregada tumeka ing panggonan komo. Nyawang pracekane para prajurit kang dumadi saka buta-buta iku, kethek kuwi uga banjur jubriya. Apa maneh kang mandhegani prajurit iku wujude endhas iwak kang nganeh-anehi.

“Hehh para yaksa kowe kuwi bangsa apa, menyang endi sedya lan tujuane lakumu iki?” prajurit praja Ombaksegara kaget, dene kethek iku jebul bisa micara kaya salumrahe manungsa.

“Wee lhadalah! Ngeramake temen dene ana kethek gedhe bisa tata jalma. Aku saka praja Ombaksegara. Aranku Minayaksi. Dene sedyaku arep menyang Pancalaretna. Kowe iku sapa?”

“Aku kawula praja Wiratha. Aranku Raden Untara.”

Krungu wangsulane kethek iku para prajurit padha ngguyu jegagakan. Lha wong kethek kok duwe gelar raden, lucu temenan. Raden Untara digeguyu mangkono kuwi dadi murina. Mula banjur nuwuhake daredah kang dadi pancabakah. Para prajurit negara Ombaksegara iku gumun meruhi yen kethek iku jebul digdaya. Mula banjur nyimpang dalan.

Ature: Yayuk Abdul Kariem
JB 41/LX, 11-17 Juni 2006


Bacute

28.5.06

Satriya Sungging Sela Gumuling (4)

Srengenge wis manjer ing dhuwur mbun-mbunan. Sang Prabu Kresna Dwipayana nuli ngaso ing ngisore wit trembesi kang ayom lan eyub. Para batur padha bikut anggone golek woh-wohan kanggo ganjel weteng. Dumadakan ana macan abang lirak-lirik lan ngoyak para panakawan. Para panakawan iku mesthi wae kaget banget banjur dha lumayu montang-manting. Kabeh padha ngungsi ngayom marang Sang Buminata Prabu Kresna Dwipayana. Nalendra praja Gajah Oya Prabu Kresna Dwipayana iya banjur tumandang. Jebul macan iku bisa caturan.

“Ghrrr...heh manungsa kowe sapa kok ngalangi kekarepanku?”

“Ohh macan abang! Jebul kowe bisa tata jalma kaya manungsa. Ingsun iki kang ngayomi uwong kang kok oyak-oyak kuwi. Macan abang, sapa aranmu? Yen kena dakkandhani aja sira degsiya.”

“Oooo aladalah! Senajan macan aku duwe jeneng, aranku Singa Matengga Sura. Hehhh manungsa satemene omonganmu iku kuwalik. Mesthine kang tutur-tutur iku aku, nuturi kowe kabeh iki. Jalaran kowe kabeh iki wis dlajagan mlebu alasku gawe piala!”

“Heh Singa Matengga Sura aja klira-kliru! Iki mono alasku!”

“Wadhuhh aladalah! Manungsa aja guneman maciya-ciya. Tontonen tumindake wong-wong elek kuwi! Kewan-kewan dibalangi, woh-wohan padha dirusak! Lha rak wis mungguh yen aku ngadili wong kang ngrusak lingkungan alas iki. Geneya kowe memalangi?”

“Ohhh Singa Matengga Sura! Wong papat kuwi baturku. Mulane aku kudu ngayomi dheweke. Yen baturku luput iya apuranen.”

“Aiii aladalah! Lha nyimutt! Kelakuan ngrusak alas lha kok mung diwalesi njaluk ngapura hee? Kang banget-banget ngrusak alas iku baturmu kang lemu mripate amba kuwi. Iku dakjaluk.”

Krungu omongane macan abang kang njaluk marang awake kuwi Bagong Jombloito nangis gedabigan. Banjur ndhelik mepet ing burine Prabu Kresna Dwipayana. Beja dene Prabu Kresna Dwipayana tetep ngayomi Bagong Jombloito. Nata Gajah Oya iku sengaja nggodha Gareng. Mula Gareng ditawakake. Genten Gareng kang nangis gedabigan kontrang-kantring tenan.

“Ohh hohoho...yen dikon mangan iwake wong kera kuwi aku emoh. Iwake ora gamoh tur apeg. Mula aku njaluk sing lemu.”

Sarehne Prabu Kresna Dwipayana tetep ngukuhi para batur mula banjur dadi pancakara lumawan Macan Matengga Sura. Macan iku nggereng karo ngungkal kukune ing lemah. Cangkeme mringis katon siyunge nyongat lancip mingis-mingis. Sang Prabu Kresna Dwipayana tansah waspada ngadhepi kridhane Singa Matengga kang gedhene sakebo lendhoh kuwi. Macane nubruk, Sang Prabu Kresna Dwipayana ngendhani. Macan nyosop ing lemah. Sarehne krasa lara mula tandange macan abang iku saya mbanyaki awut-awutan. Sang Prabu Kresna Dwipayana krasa sayah. Mula banjur ngunus pusaka dibya keris Kyai Pulanggeni kang ampuhe kagila-gila. Kyai Pulanggeni katon murub mengangah. Mula Singa Matengga Sura iya ngati-ati anggone nubruk mungsuhe. Bareng ketaman pusaka, macan abang kuwi banjur badhar katon asline yaiku Bathara Indra. Sang Prabu ndheprok.

“Dhuh Pukulun kawula titah sawantah nyuwun aksami paduka.”

“Titah ulun Angger Abiyasa tiba sapadha-padha. Dadia kawruhanira, anggon ulun ngreridhu marang pakenira. Jer pakenira kuwi jejer minangka lancure bawana, ora pantes yen tansah mung ngenggar-enggar penggalih golek kasenenganira pribadi. Sebab isih akeh jejibahanira melu memayu hayune bawana. Ing Pancalaretna sajak ana dahuru. Iku mbutuhake pitulunganira. Wis andum basuki.”

Nampa pangandikane Sang Hyang Indra mangkono mau sang nata Kresna Dwipayana digarubyug para panakawan terus wae mangulon tumuju Praja Pancalaretna. Ora antara suwe tekan ara-ara amba. Krasa ana angin sumiyut kaya dudu salumarahe angin. Pranyata iku angin nggendhong satriya loro kumleyang. Sang nata Prabu Abiyasa trengginas nyaut satriya loro kang kabur digawa angin kasebut. Kaget dene satriya iku jebul rayine dhewe.

“Ohhh Kaka Prabu Abiyasa keng rayi ngaturaken sembah, nun.”

“Ehh rayiningsun Yayi Untara lan Wratsangka pambegtinira ingsun tampa kanthi gumbira. Kepiye kawitane sira kabur iki?”

Raden Untara lan Raden Wratsangka banjur nyaritakake bab anggone diutus dening ingkang rama mbebolehi keng raka Setta.

“Lahh yen mangkono becik sira kondur wae menyang Wiratha!”

“Dhuh Kaka Prabu Kresna Dwipayana, kawula ajrih kaliyan Kanjeng Rama.”

“Yayi Untara lan Wratsangka yagene sira ajrih marang ramanira?”

“Kasinggihan Kaka Prabu, awit bilih wangsul kedah sareng kaliyan Kangmas Raden Setta. Pramila kula boten wantun wangsul.”

Mireng ature keng rayi Raden Untara lan Wratsangka ngono mau Prabu Kresna Dwipayana rumangsa welas penggalihe. Mulane Prabu Kresna Dwipayana banjur paring pitulungan marang keng rayi kekalih. Sang Prabu banjur muja wit gedhang emas disidhikara dadi blegere wujud Raden Setta. Raden Untara lan Wratsangka nuli bali.

Sawise nyidhikara uwit gedhang emas diwujudake Raden Setta, Prabu Kresna Dwipayana lan para panakawan terus tindak mangulon tumuju marang praja Pancalaretna, daya-daya enggal bisa aweh bebantu karuwetane Sang Prabu Dewakusuma. Dene Raden Untara krasa gumbira penggalihe awit bisa bali mulih menyang praja Wiratha kanthi mboyong Raden Setta. Mula lampahe gegancangan wae supaya enggal tekan ngomah.

Kang ana ing praja Wiratha Sang Prabu Matswapati dalah para sentana praja padha ngantu-antu tekane Raden Untara lan Raden Wratsangka kang diutus mbebolehi keng raka Rahadyan Setta. Ora antara suwe Raden Untara lan Raden Wratsangka sowan ngabyantara keng rama. Prabu Durgandana dalah para sentana padha bungah penggalihe dene kang dinuta bisa mboyong keng raka Raden Setta. Nanging bareng didangu dening keng rama, Raden Setta kuwi mung mbisu wae. Mula banjur dipulasara, ora lidok badhar sejatine wujud dadi uwit gedhang emas. Duka yayah sinebit jajane Sang Prabu Durgandana. Rumangsa diremehake dening keng putra Raden Untara lan Raden Wratsangka. Mula putra loro-lorone kuwi banjur digetak kabur, lan disotake dadi wanara.

Kacarita lampahe Raden Setta katon kloyongan saparan-paran. Awak krasa sayah kasulayah. Pikiran liwung kaya wong bingung. Rumangsa kijenan ora sanak ora kadang kabur kanginan urip tanpa rowang. Atine krasa keranta-ranta sebit rontang-ranting owang-awing. Penggalihe banjur dadi temlawung.

Yen ditutake rasane kaya kepengin kendhat nganyut tuwuh. Nanging kapinujon isih eling yen wong kang palastra nganyut tuwuh iku kalebu pati kang sasar duwe undhuh-undhuhan mlebu ing neraka kang kebak dahana. Apa maneh banjur eling kalamun dheweke kuwi jejer minangka satriya linuwih kang kudune duwe panalaran kang luwih omber lan sampurna. Kajaba kuwi, uga eling yen dheweke kuwi kalebu trah Wiratha kang kombak kombul minangka negara kang gedhe kawibawane. Atine bingung.

Nanging bawane satriya tama rembesing madu, mula banjur kagugah penggalihe madulake lelakone kang kasangsaya iki marang Kang Gawe Urip. Sarana kanggo madulake lelakon iku ora ana maneh kejaba dhepe-dhepe marang Gusti Kang Akarya Gesang. Sang Bagus Harya Setta nuli ngayati mertapa pasrah jiwa raga sawutuhe marang Pangeran Jati. Kluyur-kluyur golek panggonan kanggo maneges marang Pangeran Tetungguling Raos Welas Asih.

Raden Setta weruh watu wis lumuten memper kebo andanu. Satriya tama putra Wiratha iku banjur ngloyor marani watu lumuten kasebut. Kepeneran kena dipanggoni kanggo maneges nyuwun pangayoman. Raden Setta lungguh ana watu mau. Lenggah sedhakep sila ngedhepes ngenepake pancadriyane kang semrawut.

Anggone mertapa wus pirang-pirang wulan suwene. Pikiran wus mantheng mandhuwur tumuju marang pangeran pangwasane jagad. Raden Setta babarpisan ora krasa lamun sejatine watu memper kebo kang kebak lumut iku sejatine dudu watu lumrah. Iku mono sejatine saweneh makhluk kang kebeneran uga mertapa. Mula bareng dilungguhi endhase banjur murina banget. Maune disabar-sabarake. Nanging suwe-suwe ora bisa ngendhaleni hardane hawa nafsu kang mbangeti. Raden Setta dikipatake mencelat adoh. Mesthi wae Raden Setta kaget banget. Dheweke tiba krengkangan gluprut lemah. Tambah kaget dene watu kuwi guneman.

“Ehh keparat! Manungsa murang tata. Wujudmu manungsa nanging lha kok pratingkahmu ngluwihi kewan alasan. Lah sapa kowe?”

“Wee ladalah! Isih sepisan ji iki aku ngalami kaget kaping pindho. Sepisan kaget sebab ana watu dumadakan malih dadi kebo semene gedhene. Kapindhone kaget dene ana kebo jebul bisa tata suwara kaya manungsa. Aranku Raden Setta, satriya saka praja Wiratha. Balik sira iku sapa aranmu?”

“Oooo....hohaho! Ora tedheng aling-aling aranku Mahesa Lawung Ginunggung Luhung! Aku mbaureksa alas purba kayun kang kok panggoni mertapa iki. Kowe manungsa, nanging kewan.”

Ature: Yayuk Abdul Kariem
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Bacute

21.5.06

Satriya Sungging Sela Gumuling (3)

SANG Prabu Kencana Ginurit manggut-manggut sajak marem ing penggalih. Buminata ing praja Intenrukmi kuwi banjur paring wewarah jaman kuna-makuna mawa wewangsalan endah tenan. Carang wreksa ingkang jamang tambir, nora gampang wong mengku negara, baligo amba godhonge, kudu santosa kalbu. Tengareng ing prang handheging riris, denteteg trange cipta, sendhang nir ing ranu, sasat ana ing palagan. Kasang toya menyan seta aneng ardi, yen apes kawirangan. Para nayaka praja padha ngematake....

Durung wae rampung anggone nggunem tata kaprajan dumadakan ana wanita mudha mbranyak mlebu ing pasewakan. Ngagem jarit parang klithik, digandhengi kebayak pipihan terang bulan, katon pakulitane kang kuning nemu giring. Gelungan kondhe mawar sepasang katon pantes banget. Lambe abang manda katon sembada. Mripate bening kaya kaca pangilon. Solah bawane tregal-tregel semu lincah sinawung esem kang renyah. Ya mung emane wanita sulistya ing warni iki kurang deduga.

“Ehh Sang Prabu! Panjenenganmu kok bagus banget ta? Katon njatmika anoraga. Atiku kok kepranan! Sapa asmamu Prabu?”

Kabeh kang mara seba padha cingak banget. Lagi iki meruhi wanita ayu nanging ora duwe duga prayoga. Sang Prabu Kencana Ginurit ing batos ngigit-igit kebak pangrasa sengit.

“Wong wadon kang anyar katon! Sliramu kuwi wanita saka endi lan sapa sambating wewangi dene kok nekani prajaku iki?”

“Ohh hiya wong bagus! Aranku Dyah Ayu Dewi Purnamasari. Dene aku iki saka negara Nusa Trembini. Tekaku iki nglamar kamu!”

“Mengko dhisik Ayu Purnamasari! Sliramu kuwi sejatine ayu tenan. Nanging ora duwe trapsilaning kawanitan, ngono? Sliramu iku wanodya, lha kok ngunggah-unggahi kuwi piye hee?”

“Ehh Sang Prabu pepujaning atiku. Panjenenganmu iku ratu. Nanging panalaranmu kepancal ajune jaman iku piye ta? Dadia wruhanira yen opyaking jaman samengko iki wanita kuwi kudu wani kridha ngupadi priya kang bisa dingengeri dadi swami.”

Kabeh narapraja ing praja Intenrukmi padha gumun sundul mbun-mbunan. Kok ana wong wadon nekad ngrangsang priya. Patih Salakawangsa tenane mono tangane gatel kepengin naboki wanita kang kurang duga prayoga kuwi. Nanging isih diampet. Sang Prabu Kencana Ginurit uga sumungah ngrungokake pocapan kang tanpa linambaran subasita iku. Mung wae karana dayane dhadha kang seseg iku mula isih kendel wae.

“Ohh Sang Prabu aku lan panjenenganmu iki rak kaya Merapi lan Merbabu kang sumandhing sabejate jaman. Kaya dene iwak lan banyu bebarengan ngisi panguripan. Kaya Merapi lan Merbabu nora kengguh angin lan prahara. Kaya mangkono sedyaku, muga-muga Gusti amarengna.”

Anggone peprenesan mandheg sadhela banjur mbalang liring marang Prabu Kencana Ginurit. Sang Prabu Kencana Ginurit ngigit-igit lan getem-getem ing penggalih, krasa umor banget ngrungu prenesane wong wadon byayakan kuwi. Dewi Purnamasari nuli nerusake anggone gegojegan lagon asmara: Rembulan kalingan mega ing langit biru, nyat ora bakal selawase. Aja samar aja gela, liya dina rembulane ngegla. Kaya Merapi lan Merbabu, janji setya tumanem ing kalbu.

Tanpa kanyana-nyana Patih Salakawangsa dadi sasaran gebugan kang tumaruntun lan mbebayani. Kabeh narapraja padha cingak gumun kahebatan meruhi trajange wanita kasebut. Pirsa kahanane Ki Patih Salakawangsa kang dadi pangewan-ewan, Sang Prabu Kencana Ginurit banjur maju mitulungi. Wanita iku mesem banjur ngucap.

“Ehh Sang Prabu wong bagus! Sarah madu, kunir pita jangkrik gunung, lam-lamen tyas ingwang, yen tan temu sira gusti, sawer ponthang ing tyas anggung melang-melang, kangen ring sira.”

Krungu prenesan kang ngayelake iku Sang Prabu tansaya sengit. Kagawa saka ati kemropok kaya diobok-obok mula Sang Prabu Kencana Ginurit terus ngobahake tangan nggebug wanita kang katone ora ndayani kuwi. Karana kaseret ati mangkel lan anyel, luwih-luwih kasurung rasa nganggep remeh marang wanodya kang clunthangan kuwi, mula panggebuge tumaruntun.

Putri nyalawadi iku malah ngguyu sajak ngenyek lan nyepelekake banget. Dheweke sengaja ora ngendhani gebugane Sang Prabu Kencana Ginurit. Gepukane ratu jatmika kuwi kepara ditadhahi mawa payudara kang mendur-mendur empuk. Wanita iku malah njaluk supaya ratu mudha tumaruna iku gelem nggebug maneh.

Pasuryane Sang Prabu Kencana Ginurit dadi pucet abang daluwang. Mula age-age migunakake senjata dibya wujud panah kadewatan kang ampuh peng-pengan. Diembat permati lan ngati-ati. Kang nggumunake, wanodya ayu iku ora ngoncati. Kepara malah ndhadha tumibane pusaka dibya kuwi. Bareng ketaman senjata dibya iku, sanalika badhar wujud asline kang ora liya Dewi Durga. Sang Prabu Kencana Ginurit kaget banget banjur ndheprok.

“Dhuh Sang Bathari kawula nyuwun aksami, awit kalepyan.”

“Kulup Prabu Kencana Ginurit! Nora dadi baya pengapa. Kepara ulun kang njaluk pangapura marang sira. Ulun pancen nyoba marang sira.”

“Ohh Sang Dewi Bathari Durga! Kawula dipunuji punapa?”

“Lah mangkene kulup! Dadia kawruhanira jenengpara iku ratu gedhe drajate. Aja kesuwen anggonira anglakoni bujangan. Ora apik kedadeyane. Mula enggala palakrama. Kebeneran aneng kalungguhan dina iki Praja Pancalaretna adeg sayembara alap-alapan Dewi Kanekawati. Iku putri ayu linuwih tur pantes dadi garwane narendra dibya kaya jenengpara kuwi. Mula jenengpara nglebonana sayembara kasebut. Muga bisa kasil.”

Sawise paring wejangan akeh-akeh marang Sang Prabu Kencana Ginurit, Bathari Durga banjur kondur makahyangan. Sang Prabu Kencana Ginurit age-age ndangu Patih Salakawangsa.

“Kakang Patih Salakawangsa, apa sira weruh Pancalaretna? Pancalaretna iku sawenehing nagara ing tlatah pulo Jawa.”

“Oooo...inggih-inggih! Pancalaretna punika kocapipun negari kagunganipun Sang Prabu Dewakusuma. Lahh wonten napa, Nun?”

Sang Prabu Kencana Ginurit manggut-manggut kalegan. Sang nata nuli utusan Patih Salakawangsa lan manggalayuda Salakajaya dalah prajurit sabregada nglamar Dewi Kanekawati ing Pancalaretna. Patih Salakawangsa nyembah sesedhokan nuli budhalan.

NALIKA iku kahanane jagad raya katon padhang trawangan. Langit resik gumrining katon biru maya nyenengake kang andulu. Angin sumilir seger nyrambahi alam lan badan sakojur. Ora mung manungsa wae kang bungah-bungah mapag tekane swasana kang endah edi kuwi. Sakabehing tetuwuhan lan kewan uga melu suka parisuka ngenyam nikmate sunaring surya ngantarani. Kang ana ing padhusunan Karang Kedhempel, Kyai Lurah Semar, Nala Gareng, Ronggung Jiwan, lan Bawor Jombloito uga padha bingar polatane. Mula banjur padha imbal gunem, swara bening.

“Ehh ehh.....thole Nala Gareng, Petruk, lan Bagong, ing mangsakala iki lha kok kadingaren swasanane alam nyegereke ya, Le?”

“Lho kok alas-alas dadi ijo royo-royo kuwi jalarane apa, Le?”

Oleh pitakonan mangkono mau Petruk Kanthong Bolong nuli nyuwara mawa tembang gagrag anyar lelagon Kalpataru: Pancen nyata para kawula gumregut. Sengkud nindakake carangan ijo-ijoan. Kasengkuyung rehing praja klawan mandireng redana. Nyegah banjir lan gerusane siti. Dandan wangan oncoran dalah ambanyoni. Memangan ilen-ilen nganti tumekane sungapaning samodra. Kalen-kalen dijogake hing bendungan toya. Kanggoa ngoncori sawah dalan patealan. Handayani sawah subur lan asri. Nguripi sang tuwuhan.

Sasuwuke tembange Petruk Kanthong Bolong iku dumadakan ana swara prenjak ngganter ana ngarep pomahan. Yen mangkono kuwi adate bakal ana dhayoh saka papan adoh. Temenan ora antara suwe kerawuhan Sang Prabu Kresna Dwipayana saka praja Gajah Oya. Para panakawan banjur makidhupuh atur pambagyarja.

“Dhuh lae bandara kula, para abdi ngaturaken pambegti mugi katur dhumateng paduka ingkang nembe rawuh ing griya kula.”

“Kakang Badranaya sabrayat, pambegtinira ingsun tampa kanthi suka legawa. Kok sajak kaget ngawuningani ingsun ngapa?”

“Eee...lha inggih ngoten. Kok sajak wigati sanget ngoten lo.”
“Lah hiya Kakang, praptaningsun iki wigatine ngampiri marang sira kabeh ingsun ajak ameng-ameng menyang wana Jaten, Kakang.”

Lampahe Prabu Kresna Dwipayana nalendra Gajah Oya kang digarubyug panakawan catur iku sajak mung gliyak-gliyak satitahe wae. Pancen mung butuh ameng-ameng nglipur penggalih ing sauwise ruwet rentenge praja Gajah Oya kang pancen ribet. Tindake Sang Prabu Kresna Dwipayana tansaya mlebu ing tengah-tengahing alas kang ora pati ketel.

Ature: Yayuk Abdul Kariem
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Bacute

Satriya Sungging Sela Gumuling (2)

Gugup kang padha sumewa. Raden Untara lan Raden Wratsangka age-age ngrungkebi keng rama Prabu Mastwapati kang lagi bramantya. Ki Patih Rakryan Nirbita mung ndomblong, dongang-dongong kaya orong-orong bengong. Putra kalih nuli ngrerepa marang keng rama supaya ngracut bramantyane manah. Bareng wus rada aring njareme penggalih, sang prabu ngutus keng putra kalih supaya ngrangket Raden Setta kasebut. Parentahing Sang Prabu Durgandana mawa mewangenan, aja pisan-pisan bali yen ora nggawa bebandane Raden Setta. Putra kekalih nyembah sesedhokan nuli lumengser laku dhodhok.

Lampahe putra Wiratha kekalih wewirandungan nggendhong ati kang mbentoyong banget. Dupi wus sawatara adohe saka bumi Wiratha Raden Untara lan Raden Wratsangka banjur wae leren. Ambegane krenggosan katotol rasa pangrasa kang medhosol iku. Sawatara suwene priyagung kekalih iku ora bisa wawan gunem, satriya kanoman sakloron iku ngenam penggalih nuli ngendika.

“Adhimas Wratsangka, ana unen-unen bakiyak kayu teles ya?”

“Wah kangmas Uttara kok taksih saget humor, punapa tegese?”

“Awake dhewe iki lagi apes, nampa jejibahan kang abot alot!”

“Lha abote punika wonten pundi, dalah alote punika punapa?”

“Abote dene kang ngutus iku ratu, alote ngadhepi kadigdayan!”

“Kok lajeng rumaos alot ngadhepi kadigdayan punika pripun?”

“Lhoo kepiye ta sliramu kuwi? Kangmas Setta duwe kadigdayan linuwih ta? Lha wis ayo adhi nututi Kangmas Setta.”

Lakune Raden Setta luwih krenggosan banget. Ambegane kaya swarane angin gemrubug huwug-huwug. Bab iki kagawa dening kagete penggalih dene meh wae ketiwasan tumekeng pati sakala, karana ketaman pusaka dibya ing astane keng rama Durgandana. Sawise rada adoh anggone lumaku, banjur mandheg ngenam napase kang ngansur-angsur. Sesege dhadha wis rada suda ora nderbala.

Wong bagus iku banjur ngudarasa guneman ing btin. Krasa beja wak ingwang dene ora kongsi palastra siya-siya dening kridhane pusaka ing astane keng rama. Raden Setta banjur krasa nalangsa penggalihe. Ora karasa waspane umijil nelesi pasuryane. Nanging banjur pinupus iku wus pepesthene urip kang kudu dumadi ing dhiri pribadine. Ora antara dangu kesusul rayine kalih.

Tanpa pocapan liuwih dhisik, wong elu kuwi banjur rerangkulan nrenyuhake banget. Senajan padha-padha satriya gegedhuging yuda parandene ora kuwawa nahan wetune waspa panalangsa ing penggalihe sowang-sowang. Sawise rada sawatara suwene nuli bisa rembugan.

“Adhimas Untara lan Wratsangka kok sajak kemrungsung nungka lakune pun kakang ana apa dhi?” Nampa pitakon mangkono kuwi Raden Untara lan Raden Wratsangka rada kacipuhan. Arep matur lambane kaya kelet ora kena kanggo guneman. Satriya loro iku sikut-sikutan supaya ndhisikna matur. Raden untara tumenga.

“Kakangmas Raden Setta, bilih kawula lepat nyuwun aksami. Anggen kawula gita-gita nututi tindak paduka bot-botipun dipun utus Rama Prabu Matswapati supados paduka kersa wangsul, nun.”

“Adhiku Untara lan Wratsangka, mesthi sliramu ngerti dhewe, kaya ngapa dukane Rama Prabu Matswapati marang pun kakang. Mula Adhi, pun kakang kaweden banget ora wani sowan Rama.”

“Kakangmas Setta, Rama Prabu Matswapati duka punika rak kala wau. Nanging sapunika sampun lilih, paduka kapurih wangsul.”

“Adhiku sakarone, dikaya ngapa wae sabda pandhita ratu, pun kakang wis kadhung prasetya ora bakal bali menyang Wiratha, dhi.”

“Kangmas Raden Setta, kamangka kawula dipun begtani purba wasesa supados Kangmas Setta kersa kondur dhateng Wiratha lho.”

Apa kang dikuwatirake Raden Untara mau kae bener-bener dumadi. Nyatane Raden Setta bangga ora kersa kondur maneh menyang praja Wiratha. Iki ateges tuwuh pradondi antarane sedulur kasebut. Raden Setta kepeksa dikrubut loro, yaiku Raden Untara lan Raden Wratsangka. Dhasare pancen satriya linuwih, sekti mandraguna, mula senajan dikrubut loro tetep menter.

Raden Setta ngadhepi adhine loro iku migunakake jurus manuk sriti nyaut kinjeng. Sikil mbegagah sedheng-sedheng wae, tangan kiwa ana ngarep dhadha, epek-epek madhep mengarep. Tangan tengen manglung ana dhuwur sirah, drijine mlengkung kaya driji manuk sriti arep nyaut tiktik iyik cilik-cilik. Mripat mencereng jlalatan. Napas ngeses kaya ula arep nyemburake racun. Raden Untara lan Raden Wratsangka uga wis apal banget marang kadigdayane keng raka Raden Setta. Mula uga ngati-ati banget.

Raden Unara lan Raden Wratsangka ngerigake kekuwatan an kadigdayane. Wong loro iku mencar kanggo mecah pikiran lan kawigatene Raden Setta. Raden Untara nyerang saka ngarep, Raden Wratsangka nyerang saka mburi. Ewa semono Raden Setta babar pisan ora gigrig. Nalika diserang saka ngarep lan mburi, anggone ngendhani kepenak wae. Mung minger mak ser ngono wae. Banjur kanthi cepet banget nyamber sirahe adhine loro kuwi. Wose senadyan ngelmune sedulur telu iku padha, nanging Raden Setta nduweni kaluwihan ing babagan kacepetane obahe badan. Gerak serangane cepet banget nganti Untara lan Wratsangka ora kober ngendhani.

Sarehne bola-bali kena goco lan tonyo, wong loro iku koncatan kesabaran. Mula banjur migunakake pusaka dibya kanggo mungkasi peperangan iku. Raden Setta nglenggana kahanane kang mbebayani iku mula nili ngecakake aji pawana dirga. Tangan sekarone ngarah marang Raden Untara lan Raden Wratsangka. Saka tangan iku metu angin gedhen-gedhnan. Raden Untara lan Wratsangka kaya semut disebut onclang katut angin. Sawise kuwi Raden Setta banjur ngloyor ngetutake grenjete ati lan manut obahe suku.

KOCAP KACARITA mbarengi wektune karo lelakone Raden Setta iku mau, seje critane, yaiku ing tanah sabrang, ana saweneh negara kang aran negara Ombak Samodra. Negara gedhe kang nengenake marang pengasilane segara. Kang jejer minangka ratu ing negera Ombaksegara kuwi jejuluk Prabu Minayaksa. Nalendra wujud buta mawa sirah iwak lodan nggegirisi banget kae. Ing wektu kuwi kapinujon dina pasewakan. Sang Prabu Minayaksa diadhep dening Emban Minayaksi lan para tumenggung sumawana para nara paraja, pepak.

Beda karo padatan ing paseban dina iki kahanane rada singup lan tintrim banget. Jalaran Sang Prabu Minyaksa katon suntrut ora kersa ambuka pangandikan. Mula kahanan dadi amem tanpa gunem. Ngeget-egeti banget dumadakan prabu Minayaksa tetembangan.

Riris arda palwa nuting ranu. Dresing karsanira dening kanyut. Manise lingira gusti. Wohing kamal mirah ingsun. Esem ira duk ing uni. Sidhat agung narmada. Sajrone aguling. Pangucape janma nendra. Teka tansah dadia linduran kewala. Katon kang asung usada.....

“Ehhh Emban Minayaksi, kang dak tembangake mau lagon apa?”

Dhuh sinuwun, punika wau kados lelagon lindur.”

“Yen mangkono apa tegese riris ara palwa nuting ranu iku?”

“Riris arda punika jawah deres, palwa nuting ranu niku kenyut.”

“Wohing kamal lan sidhat agung ing narmada kuwi tegese apa?”

“Wohing kamal punika asem. Sidhat agung ing narmada niku kewan uget-uget ageng wonten seganten punika ulam uling.”

“Sabanjure hehh emban Minayaksi, pangucape nendra, apa?”

“Enggih Sang Pabu, pangucapipun janma nendra punika nglindur.”

Sang Prabu Minayaksa nggujeng latah-latah. Dheweke krasa kaya nglindur guneman maneka warna jalaran kasmaran marang wanodya putrane Prabu Dewakusuma ing negara Pancalaretna kang nama Dewa Kanekawati. Mula emban Minayaksi kautus nglamar Kanekawati.

SEJE KANG CINARITA, kang ana ing praja Intenrukmi sawenehing negara ing tlatah Suwarnadipa ana nalendra mudha bagus kang warna. Sang Prabu Kencana Ginurit asmane. Dhasar nalendra mudha isih legan durung palakrama, mula keh para putri lan para endhang putra pandhita kang padha kasmaran. Ewasemono sajake isih ra ana kang nocogi ing karsa.

Nuju ing dina soma manis iki Sang nata Prabu Kencana Ginurit lagi lenggah sinewaka para nara praja.

“Kakang Patih Salakawangsa padha raharja anggonira marak?”
“Dhuh Sang Prabu kencana Ginurit sesembahan kawula, karana saking sih paduka punika andayani kawilujengan kuma ning. Inggih saking punika kawula keparenga ngaturake sembah bekti.”

Pambegtinira wus ingsun tampa kakang patih, kepenakna dhisik anggonira sowan. Dene sira manggala yuda Salakajaya, kepiye anggonira nggegulang marang para prajurit lan tamtama?”

“Nun inggih Gusti, lepat nyuwun gunging aksami. Prajurit ing praja Intenrukmi ngriki ngengingi keprigelaning perang, solah saha kridhaning curiga, tuwin embating warastra, muter watang sangandhap tuwin sanginggiling turangga sampun mboten kuciwa.”

Ature: Yayuk Abdul Kariem
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Bacute

11.5.06

Satriya Sungging Sela Gumuling (1)

Ana saweneh sinebut Praja Wiratha ing Hindhustan. Nuju dina pasewakan, ana keparak sakembaran laku dhodhok ing graha sewaka, mandheg ing ngarepe dhampar kencana. Nuli lungguh nyembah sesedhokan marang dhampar kencana kasebut. Rampung banjur lungguh marikelu sawurine dhampar keprabon iku. Kasusul sowane para punggawa dalah sentana praja Wiratha. Nalendra Wiratha Sang Prabu Matswapati uga katelah Sang Nata Prabu Durgandana lenggah ing dhampar katon bingar.

Sang Prabu Durgandana migatekake para punggawa lan sentana kang padha sowan. Ana keng garwa Dewi Rekathawati, putra kakung Raden Setta, Raden Utara, lan Raden Wratsangka. Ora kari putra wadon mung siji thil yaiku Dyah Ayu Kusuma Dewi Utari. Rekyana patih wrangka wredha Nirbita uga ngabyantara anteng. Regenge pasewakan dikombang dening sang dhalang, leng-leng ramya nikang sasangka wancine sumewah. Marengga ruming paseban lir mandaya, hamandaya sekaring bawana, jaladri kapita ing surya. Sasiningrat katon rena gambira hamuja harja harjaning bumi.

“Kakang Patih Nirbita, paran padha bagya sowanira kiyi Tihhh?”

“Lha enggih Sinuwun, awit saking pangestu padukendra, anggen kula sowan wilujeng mawon nunn. Sembah kula mugi konjuk, nun.”

“Sembahira ingsun tampa kanthi rena lan gembira Kakang Patih. Sawise kang kadya mangkono, kepiye pawartane Kakang Patih, lan kepiye pawartane tata praja?”

“Nun inggih Sinuwun, babagan keprajan ingkang wigatos sampun kelampahan kanthi maremaken sanget.”

“Eee ala dalah! Haaa...haaaa! Lha rak ngono! Nyatane Kakang Patih Nirbita bisa mrantasi gawe temenan.”

“Nun inggih Sinuwun, nyatanipun kawula alit sami remen bilih narapraja pangembating negari punika sami sumeh.”

“Kulup putraningsun wong kang gagah prakosa Raden Seta! Kepriye anggonira ngrumpaka marang tata kaprajuritan ing ketahanan?”

“Rama Prabu, lepating atur nyuwun gunging aksami. Ing babagan olah kaprajuritan, tanceping curiga, lumepasing warastra, ngemba watang sangandhap tuwin sanginggiling turangga, sampun boten ngiwani. Sawanci wonten mengsah, sampun samapta.”

“Ooo angger putraningsun wong njenthara, banget-banget panarimaningsun marang sakabehing narapraja sakabehane. Lamun tanpa sinengkuyung dening kabeh pawongan, tamtu dadi curna.”

Sawise ngendika ngandhar-andhar angendhukur Sang Matswapati nuli ambegan landhung angelantur. Polatane Sang Prabu nyrambahi sakupenge laladan pasewakan kemput datan luput. Sawise sawatara suwene anggone amem, Sang Prabu nuli manabda.

“Kakang Patih Nirbita, mesthine jenengsira isih eling duk nalikane ingsun dhaup pikantuk Yayi Dewi Rekathawati biyen ta? Duk nalika semana yuswaningsun lagi 22 taun. Lha rak moncer ta? Isih mudha tumaruna parandene wis wani mengku wanita.”

Patih wredha Rakryan Nirbita ndlongop anggone ngrungokake pangandikane Sang Prabu Durgandana iku. Dhasare patih mloto, mula banjur ngguyu disambung guneman gecul kang isi banyolan.

“Ooo lha enggih, kula taksih kemutan terus nun! Kepara kula taksih kengetan jaman kula mengku nyai patih mbiyen. Nalika semanten umur kula taksih 18 taun. Nanging kula rak mpun wantun rabi.”

Raden Setta ngrungu guyonane kang rama Prabu Durgandana lan Rakryan Patih Nirbita mangkono mau penggalihe ketir-ketir lan nyungir kari samenir. Sebab Raden Setta bisa tumanggap marang ener pangandikane para sepuh kuwi.

Ora lidok, guyonane Sang Prabu Durgandana lan Rakryan Patih Nirbita kasebut pancen katujokake marang kang putra Raden Setta. Sang Prabu Durgandana ngersakake Raden Setta enggal mengku wanita minangka sigarane nyawa. Sajake Sang Prabu selak kepengin ngudang wayah kang lucu.

“Kulup putraningsun Rahadyan Setta, pun rama isih kemutan lelakon 25 taun kepungkur . Ing wektu kuwi wancine jam enem enjing. Ibumu kang ing wektu iku lagi nggarbini sepuh dumadakan wae nglairake jabang bayi kang ingsun jenengake Rahadyan Setta. Mula ing dina iki umurmu wis 25 taun.”

Tekan kene iki penggalihe Raden Setta tansaya rongeh. Penggalihe satriya bagus iku tansaya kedher ngeder-eder kaya swiwine laler miber. Dheweke wis ngrasa yen bakal ngadhepi kekarepane keng rama kang sasuwene iki tansah ngribeti rasa rumangsa lan grahitane.

“Kakang patih Rakryan Nirbita, jenengsira iku duwe kalenggahan minangka wrangka tumraping nalendra. Tegese duwe kewajiban caos tetimbangan ing babagan ruwet-rentenging praja kang lerege caos tetimbangan marang ratu gustimu. Lha ing dina iki ingsun mundhut iguh pratikelmu, apa wong tuwa saumur-umuringsun iki wus pantes ngudang putu?”

“Ooo...ooo! Haaa....haa! Lha empun radi kasep Gusti Prabu! Pantesipun kados Sang Prabu niku wayahe pun tiga.”

“Lha rak ngono ta! Saka pamawasira ing antarane putra-putraningsun iki sapa kang mesthine kudu krama caos putu?”

“Nun inggih putra mbajeng sang bagus Rahadyan Setta nun.”

Mireng ature Patih Nirbita mangkono mau Rahadyan Setta kuwi banjur kemringet gobyos nelesi sarandune badan. Penggalihing wong anom iku banjur ruwet semrawut. Sang Prabu nuli manabda.

“Angger putraningsun Rahadyan Setta, jenengsira wus ngrungu dhewe ngendikane wakmu patih. Mula becike sira ing titiwanci iki palakrama hamengku wanita. Wadon lan putri ngendi kang sira condhongi, pun rama saguh nglamarake.”

Suwe Raden Setta ora caos wangsulan marang keng ramane. Lambene kaya kelet ora kena diobahake. Ilate dadi kelu kaku, cangkem blangkemen ora kena kanggo guneman. Mula Sang Durgandana nuli mbaleni maneh nanting kasaguhane Raden Setta iku.

“Rama Prabu Sang Matswapati, lepat nyuwun gunging aksami. Ing ari punika taksih mopo mengku bojo punika.”

“Lhoo kepiye ta sira iku kulup Setta? Sira iku wus dewasa banget. Saiki kudu palakrama aja nganti banjur kasep.”

“Nanging rama Prabu, jer manah kawula taksih dereng sumanggem mengku wanita minangka garwa rama Prabu. Nyuwun duka nun.”

“Lhooo kok wangkot ngono ta sira kuwi Setta? Aja banjur wedi nindakake palakrama ya! Wong omah-omah iku kepenak lo, ngger.”

“Rama Prabu Durgandana sesembahan kawula, lepat nyuwun aksami. Bilih boten lepat, para leluhur sampun paring pitedah tumrapipun tiyang sesomahan. Rama Prabu, manah kawula dereng saged siyaga dados gegaranipun bale wisma. Pramila kawula kawula mopo nun.

Pranyata Raden Setta tetep mopo ora kersa mengku bojo. Senadyan wis diarih-arih mawa tetembungan manis, parandene iya isih tetep mbegegeg durung kersa mengku wanita minangka jatukrama, Sang Prabu Durgandana banjur nggrantes ngeres penggalihe. Nalendra praja Wiratha ing Hindustan iku rumangsa getun lan keduwung njenengake putra mbarep iku nganggo aran Raden Setta. Gawang-gawang Sang Prabu kemutan lelakone rumuhun.

Nalika semana Prabu Durgandana nedheng-nedhenge nggandrungi Retna Dewi Rekathawati. Nanging katresnan iku dipepalangi dening adhine Dewi Rekathawati kang aran Raden Seta. Nalika semana kepeksa dadi padudon kongsi nuwuhake pepati. Awit nalika semana Raden Seta diperjaya dening Raden Abiyasa kang bebela marang Raden Durgandana. Kanggo mengeti lelakon iku putrane Prabu Durgandana kang pembayun dijenengi Raden Setta. Kemutan lelakon kasebut Prabu Durgandana muntab banget penggalihe marang keng putra Raden Setta. Sanalika ngunus curiga arsa katamakake aneng dhadhane keng putra. Trengginas Raden Setta nuli oncat.

Ature: Yayuk Abdul Kariem
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Bacute
Google
 
Web crita-wayang.blogspot.com